Free Flower Cursors at www.totallyfreecursors.com
SunSetya Story: TEKS MC PENGAJIAN REMAJA

Assalamualaikum

Assalamualaikum
Jangan biarkan satu hari pun berlalu, tanpa memberi manfaat kepada sesama... Siaaaaaaap? :)

Rabu, 02 Mei 2012

TEKS MC PENGAJIAN REMAJA


Assalamualaikum Wr. Wb.

Dhumateng ngarsanipun bapak ustad ……………….. ingkang kulo hormati, sumrambah rencang-rencang lan adek-adek ingkang kulo tresnani. Langkung rumiyen mango kito dhereaken tansah muji syukur wonten ngarsa dalame ALLAH SWT, awit saking sedaya nikmatipun, panjenengan lan kulo, taksih kepareng pepangihan wonten wekdal dalu punika kanthi sehat wal afiat. Amin

Salawat serto salam mugio tansah kaunjukaken wonten ngayunan dalem Nabi Agung Muhammad SAW, mugi-mugi kito sedoyo pikantuk safa’atipun mbenjang wonten ing yaumil qiyamah, Allohumma, Amin.
Poro jamaah ingkang tansah kulo hormati, nyuwun pangapunten, gegandengan wekdal ingkang sampun ndungkap dalu, monggo kito wiwiti kanthi ndedonga sesarengan kanthi waosan lafal basmalah. (bismilahirohmanirohim) Cekap, matur nuwun

Adicoro ingkang ongko kaleh inggih meniko waosan ayat suci al-quran ingkang badhe dipun waosaken dening sederek mas …………………….., dhumateng mas …….…………… wekdal kasumanggaaken.

Paripurna waosan ayat-ayat suci ingkang sampun kaaturaken. Ing pangajab, mugi-mugi kanthi dhumateng sedherek ingkang sampun ngaturaken waosan kala wau pikantuk ganjaran saking ngarsanipun Allah SWT. Amiin yaa rabbal ‘aalamiin.

Adicoro saklajengipun sambutan saking Pengurus Rismagi, wonten ngarsanipun Mas ………………….. kulo aturaken, sumonggo.

Matur nuwun kulo aturaken dumateng Ketua Rismagi awit sambutanipun.

Saklajengipun adicara ingkang angko sekawan injih menika pengaosan, pramila dhumateng Ustad ………………  kulo aturaken sakcekapipun.

= Sumulo atur alhmdulilah kito nampi rezeki lumantar ……………………..., dhumateng poro rawuh kulo aturaken sumonggo anyekeca’aken ngunjuk sarta dhahar kanthi prasojo. =

------------------------- sampung ngaturaken pengaosan -----------------------------

Ngaturaken sanget agunging panuwun dhumateng panjenanganipun Ustad …………………. ingkang sampun paring piwucal luhur dhateng para jamaah ing dalu menika. Saestu sedaya pangandika saha piwucal luhur menika ndadosaken tuladha tumrap kito ingkang rawuh saha midhangetaken wedharing pengaosan.

Poro rawuh ingkah kulo hormati, adicaro saklajengipun panutup. Nanging sakderengipun kito pungkasi, langkung rumiyen sangking kulo ing mbok bilih anggen kulo ndereaken adicoro wonten ndalu menika kathah kalepatan saha kekiranganipun kulo nyuwun agungin pangapunten. 

Monggo pengaosan wonten ing wekdal ndalu punika kito tutup kanthi waosan lafal hamdalah. (Alhmadulilahi robbil’alamin). Matur nuwun.

Wassalam mualaikum wr.wb



Pranata Hadicara Pengajian Rismagi
Dening Dwi Sundari

Tidak ada komentar:

Posting Komentar